Ciri-ciri Cerkak Bahasa Jawa

Ciri-ciri Cerita Cekak (Cerkak) dalam Bahasa Jawa dan Penjelasannya – Berhubung ini adalah materi peajaran Bahasa Jawa, maka akan lebih baik jika pembahasan kali ini juga menggunakan ragam Bahasa Jawa. Dengan begitu, secara tidak langsung kita sudah belajar sedikit mengenai Bahasa Jawa itu sendiri. Setuju ?

Ciri-ciri Cerkak Bahasa Jawa
Ciri-ciri Cerkak Bahasa Jawa


Kalau setuju, saya akan menjelaskan ciri-ciri cerkak dengan Bahasa Ngapak. Apa itu bahasa ngapak ? Ya, Bahasa Ngapak adalah Bahasa Jawa yang digunakan dalam dialeg orang-orang di wilayah Banyumas. Maklum saya orang Banyumas. 

* Bahasa ngapak juga identik dengan bahasa ngoko lugu *

Oke langsung saja, berikut penjelasannya....

Ciri-ciri Cerkak Bahasa Jawa dan Penjelasannya


Apa kue cerkak ? Cerkak utawa Cerita Cekak yaiku cerita sing isine ringkes karo padet lan ora akeh alur ceritane.

Sampeyan bisa maca lewih lengkap neng kene : Pengertian dan nilai-nilai cerkak bahasa jawa

Ciri-cirine cerkak yaiku :

1. Ceritane cekak utawa ringkes

Bisa dijenengi cerkak yen ceritane kue ora dawa-dawa, ringkes lan padet. Kira-kira dawane sekitar 500 tembung utawa ora ngasih 10000 tembung (kata). Sebab ceritane ringkes, mesti ceritane kue ora kakehen sengek, ora akeh tetek mbengeke (tidak basa basi).

2. Dhuweni sipat rekaan/fiktif

Cerkak uga due sipat fiktif utawa ora bener-bener kedadeyan nang alam dunya. Dadi cerkak bisa digawe ora karo kisah nyatane wong, bisa digawe seolah-olah ceritane kue bener-bener kedadeyan. Padahal ora kedadeyan babar blas.

3. Sipate naratif

Paragraf sing nyeritakna kedadeyan lan kedadeyane miturut urut-urutan wektu (kronologi).

4. Umume ana gegayutane karo lelakone manungsa

Cerkak uga umume akeh banget gegayutane karo lelakone manungsa. Apa bae sing dilakokna manungsa uga bisa didadikna  cerita sing apik.

5. Dhuweni kesan tunggal

Kesan tunggal iki kayata musataken salah sawijining tokoh nang tiap-tiap alure, neng sajroning kahanan utawa nang sawijining wektu.

6. Bahasane landhep/tajam, sugesti lan narik kawigaten

Bahasa cerkak umume landhep, sugesti lan narik kawigaten. Maksude bahasane kue to the point (ora bertele-tele), nduweni ciri kebahasaan sing mampu mbayangna salah sawijining cerita. 

Lan maksud narik kawigaten yaiku bisa nggawa suasana pemaca maring cerita kue, arep kue ceritane sedih, seneng, medeni lan liya-liyane. Intine bisa gawe pamaca seneng marang cerita, amarga bahasa sing ditulisna penulis kue apik lan menarik. 


Ringkesan :

Ya, cerkak (cerita cekak) ndhuweni ciri-ciri yaiku ceritane ringkes, ndhuweni sipat naratif, ndhuweni sipat rekaan/fiktif, ndhuweni kesan tunggal, ana gegayutane karo lelakon manungsa, ndhuweni kesan tunggal, bahasane landhep lan narik kawigaten.

Oke, salam wong Banyumas !
Sebelumnya Selanjutnya
Muat Lebih Banyak
Berita telah terbaru, silakan refresh lagi nanti